Langgam Nyidamsari
Bowo (Dhandhanggula):
Dhuh wong ayu pepujaning ati
Koyo ngene wong nandhang asmara
Opoto awakku dhewe
Dhuh Dewa jawata gung
Welaso mring wak mami
Besuk kapan katekan
Jejer lan wong ayu
Umpakmakna nahkodha
Tanpa prau sasadara den pepetri
Nyidam sari asmara
Langgam:
Umpama sliramu sekar melati
Aku kumbang nyidamsari
Umpama sliramu margi
Aku kang bakal ngliwati
Sineksen lintange luku semana
Janji prasetyane ati
Tansah kumanthil imdg netra rinasa
Karasa rasane ndriya
Midera sajagad raya
Kalingana wukir lan samodra
Ora ilang memanise adhuh
Dadi ati salawase
Nalikanira ing dalu atiku
Lam-lamen sira wong ayu
Nganti mati ora bakal lali
Lha kae lintange mlaku
Komentar
Posting Komentar