Postingan

Menampilkan postingan dari Maret, 2017

Lirik Langgam Wuyung

Lorone loro Ora koyo, Wong kang nandang wuyung.. Mangan ra doyan, Ora jenak dolan neng omah bingung .. Mung kudu weruh, Woting ati duh kangmas wong bagus.. Opo ora trenyuh, Sawangen iki awakku sing kuru.. Klopo mudho leganono, Nggonku nandhang bronto.. Witing pari dimen mari, Nggonku ngloro ati.. Aduh nyowo…… Duh duh kusumo, Ora kroso opo pancen tego.. Mbok mbalung janur, Paring usodo nggonku nandang wuyung..

Langgam Nyidamsari

Bowo (Dhandhanggula): Dhuh wong ayu pepujaning ati Koyo ngene wong nandhang asmara Opoto awakku dhewe Dhuh Dewa jawata gung Welaso mring wak mami Besuk kapan katekan Jejer lan wong ayu Umpakmakna nahkodha Tanpa prau sasadara den pepetri Nyidam sari asmara Langgam: Umpama sliramu sekar melati Aku kumbang nyidamsari Umpama sliramu margi Aku kang bakal ngliwati Sineksen lintange luku semana Janji prasetyane ati Tansah kumanthil imdg netra rinasa Karasa rasane ndriya Midera sajagad raya Kalingana wukir lan samodra Ora ilang memanise adhuh Dadi ati salawase Nalikanira ing dalu atiku Lam-lamen sira wong ayu Nganti mati ora bakal lali Lha kae lintange mlaku

Lirik Lingsir Wengi

Lingsir wengi Sepi durung biso nendro Kagodho mring wewayang Kang ngreridhu ati Kawitane Mung sembrono njur kulino Ra ngiro yen bakal nuwuhke tresno Nanging duh tibane aku dewe kang nemahi Nandang bronto Kadung loro Sambat-sambat sopo Rino wengi Sing tak puji ojo lali Janjine mugo biso tak ugemi

Kariangau

Gambar

Ladrang Asmaradana Rinengga

Ladrang Asmaradana Rinengga Dhuh garwaku Banowati Sira kariya rahaja Ingsun anemahi layon Den becik pamomongiro Mring para putranira Dhuh nyawa atmajaningsun Dadya kariya rahaja Dhuh garwaku Banowati Sira kariya rahaja Ingsun anemahi layon Den becik pamomongiro Mring para putranira Dhuh nyawa atmajaningsun Dadya kariya rahaja

Asmaradana Ojo Turu Sore

Aja turu sore kaki Ono dewa nglanglang jagad Nyangking bokor kencanane Isine donga katulak Sandang kalawan pangan Ya iku bageyan ipun Wong melek sabar narimo Ingkang bisa nemu iki Nora saben sok uwong0 Kudu ono pilihane Kang weruh lakune jaman Eling kanthi waspada Ttindhak luwajuh lan jujur Ingkang antuk kamurahan A wyo sira banjur wedi Samar nora panduman Eling-o marang kodrat-e Pangeran luwih kuwasa Adil tampa upama Sapa ngestok-ena dhawuh Sayekti antuk nugraha Nugraha nira Hyang widhi Tan kena kinira-nira Marga sewu dedalane Yogya den sabar darana Ojo keseso-sesa Grusa-grusu narung binuh Ngusak-e tancep-ing tekad Nugraha nira Hyang Widhi Ingkang katrap ing kawula Waras seneng sak murwate Drajat nama wang barang Ngelmu tuwin kawignyan Jurung wars seneng-ipun Nugraha kurang utama